Minggu, 24 Mei 2020

EMAK BAPAK AKU RAK ISO MULIH _ PUISI

Emak Ngaturaken Sugeng Riyaya 1441 Hijriyah Nyuwun pangapunten sedaya kalepatan kawula Bapak Kulo njih nyuwun pangapunten sedoyo kalepatan Emak Pangapunten boten saget wangul Bapak Pangapunten dereng saget sowan Amargi wonten pagebluk Corona Emak Kulo sampun nyiapaken Uba rampe sembako kagem riyaya Bapak Kulo sampun tumbasaken sarung Nanging Tangis jero ati Kulo boten saget bali Nanging Jerit bingung niki Boten saged dugi Wangsul niliki Emak kaliyan Bapak Emak Lontong lan kupat Sampun mateng? Bapak Ayamipun nopo sampun dicekel kagem opor Putra Emak kaliyan Bapak Taksih sedih kemutan menawi Riyaya Kumpul kalih keluarga Maem kupat opor lan sambel goreng Emak Ampun nangis Bapak ampun sedih njih Mangkih menawi kahanan sampun aman Kulo badhe wangsul Semarang Emak Mugi sehat Bapak Mugi semangat Benjang kulo dugi Nglaksanaaken Riyaya Emak Sampun njih Bapak Matursuwun Mesem njih Kulo Pengin ningali Kabahagyan Emak kaliyan Bapak Penulis Prihariyani,S.Pd.,M.Hum. SMPN 3 Mranggen Demak Jawa Tengah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

LEBARAN _ CERPEN

 Pagi yang cerah tanggal 2 Mei 2022. Hari pertama lebaran tahun 2022. Pandemi covid sudah berlalu. Hari yang dinanti banyak umat muslim di d...